Warta Saking Mas Sepupu








Tilpun muni, kula angkat telepon kula. Kawaos saking ibu wonten dalem. Kula ngobrol kaliyan ibu (budhe). Kula taken kabar keluarga ugi taken kahanan wonten griya. Sakwetawis, ibu ngendika amargi mas wonten griya. Kula radi kaget amargi mas nyambut damel wonten Malang. Mas kula menika putra ragil ibu kula.
Mas: De, kepripun kabar ade?
Kula: Alhamdulillah sae mas, lho mas wonten dalem?mboten kerja napa mas?sabtu prei napa?
Mas: Inggih de, wonten kesempatan saben saksasi libur sabtu kaping kaleh.
Kula: O..nggih Alhamdulillah, mas saged kondur, pedamelanipun napa mas?sampun betah?
Mas: Alhamdulillah de, mas mulai betah.Mas wonten bagian purchasing de. De, mas nyuwun ngapunten nggih de, pas ade wangsung wonten griya, mas mboten saged wangsul lan kepanggih ade, padahal mas kangen kaliyan ade. Kathah ingkang badhe mas sanjangaken kaliyan ade.
Kula: Mboten napa-napa mas, inggih kula nggih kangen. Mas badhe sanjang babagan napa nggih mas?
Mas:De, ade sampun ageng, sampun wekdalipun krama, mbangun rumah tangga. Mas ajrih mbok menawi ade ngejar karier. Mas ngertos menika namung perasaan mas, mas percaya ade mboten kados mekaten.
Kula: Inggih mas, maturnuwun mas pengertian. Mboten mas, kula Insya Allah tahun ngajeng siap mas, menawi Gusti Allah ngizinaken.
Mas: Alhamdulillah mas nderek bungah, mas berdoa mugio gegayuhan ade saget kalaksanan.
Kula: Inggih mas, mas kula badhe taken naming mas kedah jujur nggih.
Mas: Napa de?
Kula: Mas taken kados mekaten mboten didhawuh ibu kan?napa ibu ingkang dhawuh?
Mas : Mboten de, niki murni saking mas. Amargi mas sayang kaliyan ade.
Kula: Inggih mas, kula ngertos. Berarti menika namung perasaan kula kemawon.
Mas: De, mas selaku mase ade, tiyang ingkang sayang kaliyan ade badhe paring saran, mbok ade mengkhatamkan maos buku munakahat, menika wigati kagem nyiapaken hidup berumah tangga. Wiwit nyiapaken jiwa lan batin, pados pasangan ingkang sae, lajeng kepripun prayoginipun dados wanita ingang ngabekti dumateng garwa saha sawalikipun.Pripun ngladeni garwa, pripun tata cara jima wonten Islam, pokokipun diwaos mawon, kedah khatam lho de, ampun setengah-setengah.
Kula: Ih… mas niku mah meksa naminipun, nggih sampun niku bukunipun warni napa, judulipun napa lajeng sinten ingkang ngarang?
Mas: Ade taken dateng ibune devin mawon, wonten ingkang popular wonten ingkang radi serius. Mas kesupen je, hehehe, menawi ingkang popular karangan Salim A Fillah, Mohammad Fauzil Adhim, terus emh..sinten nggih? mas kesupen.hehehehe.
Kula: Nggih mas, mangke menawi wangsul nggih.
Mas: Ade niku lho sok sokan nggih-nggih mboten kepanggih, de enget, perhiasan seorang laki-laki adalah wanita sholehah di sampingnya. Mas yakin babagan pados arto,ade saged. Menawi ndadosaken utawi mulang kareben dados istri sholehah menika kedah saking niat ugi tekad de..
Aku: Inggih mas, kula sampun terpojok..hehehhe seperti biasa, mas selalu bisa memojokkanku..
Mas: Tapi soal prediksi bola, ade lah jagonya hheheh, padahal mas ngertos banget menawi ade namung waton nyeletuk utawi asal. Ingkang menarik sanes skill pemainnya nanging tampang pemainnnya.
Kula: Ah mas, kula dados kangen kaliyan mas ingkang utami kangen nobar nonton bareng mas..
Mas: Menawi mas kangen kopi buatanmu yang selalu tidak genap satu gelas
Kula: Ah mas ingkang dienget ingkang elek si..
Mas: hahahh, lha ade mesti nyruput, mboten nate utuh. Wonten mriki jarang ngopi de.
Kula: Lho, koq saged?dhaharipun pripun mas?tumbas napa masak?
Mas: Alhamdulillah sampun wonten ingkang masak kaliyan nyuci. Mas kantun fokus nyambut damel de.
Kula: Oh ngaten nggih syukur Alhamdulillah.
Mas: Eh de, mbakmu cariyos menawi ade badhe tindak Surabaya. Sios?
Kula:Insya Allah mas, kepengenipun sih desember nanging mbak kepengenipun januari sekalian syukuran papahne kenaz lajeng ngadaaken pengajian.
Mas: Inggih. O ngaten, nggih mangke ngabari, mbok menawi mas saged wonten Surabaya. Malang-Surabaya sekitar 2 jam. Nggih sampun rumiyin nggih de, menawi sanes wekdal disambung maleh. Insya Allah.
Kula: amin
Mas: Assalamu alaikum
Kula: Walaikum salam wr wb
Mekaten obrolah kula kaliyan mas. Ukara mas ndadosaken kula mikir, kula sampun siap napa dereng?setebih napa kesiapan kula?menggenapkan setengah dien (agama) dan sudahkan yang setengah itu berkualitas prima?

Pondok Cabe, Minggu, 10 November 2012

Komentar

Postingan populer dari blog ini

IELTS

Tes Bahasa Hingga Akademik

Review Kantong Asi Untuk Si Ade Zio